SELAMAT DATANG DI BLOG GURU BELAJAR MENGARANG

Sabtu, 07 Mei 2016

Geguritane Sardono Syarief



Kidung Katresnan

jarene sliramu tresna marang aku, cah ayu
geneya kenangapa saben ketemu
rikat anggonmu mlayu
ngadoh saka aku

apa sliramu ora tahan
nandangi jantungmu sing dhegdhegan ora karuwan
lha wong yen sliramu ngerti
jantungku ya uga kaya arep copot, iki
sanajan wis daktahan bola-bali
rasa grogi…grogi….grogi….
duh, ora mari-mari!

jarene sliramu tresna marang aku, cah ayu
geneya kenangapa rikat anggonmu mlayu
saben ketemu karo aku

mbok mandhega ing ngisor wit sawo ngkono
mengko aku dak mrono
padha ngumbar janji wong loro
sapa ngerti kita bisa jodho, dadi bojo

jarene sliramu tresna marang aku, cah ayu
ya wis ora usah mloya-mlayu
sanajan ora karuwan rasane atimu
aku iki isih sedhiya ngrungakna unine
dhagdhigdhuge jantungmu
sanajan dadi budheg kupingku
aku lila
kabeh iki kanggo sapa
yen ora kanggo tresnaku
ya sliramu, cah ayu
cah ayu…!
doro-paninggaran, 27-12-2014


Gurit Sendhal Jepit

aku iki isih duwe rasa, pak
najan ditumpak wis ora kepenak
tulung aja kokdhupak
aku iki isih memper
yen disawang kelawan pener
ngancani sampeyan mutar-muter
golek sandhang, golek wewaler

pak, aku iki isih katon kenceng
najan kadhang ora lempeng
anggawe mlakune sampeyan kesandhung-sandhung
ya njaluk tulung
pengapurane bae
wong umurku nyatane wis luwih selawe
sampeyan sing sabar
aja kesusu golek sing anyar
tenan pak, aku isih duwe rasa sayang
aja sampeyan buwang-buwang
mengko aku bisa mriyang, mbathang
sragi-paninggaran, 28-12-2014



Sejatine Urip

urip iki sejatine mung sedhela, kanca
sakedhep netra
isih suwe umur gunung
yen ora njebluk, kempise durung rampung

urip iki sejatine bakal mati
ninggalke raga nag sajeroning bumi
nyawa bali ngadhep Gusti
dhewe, ora  ana sing ngancani
apa ora wedi?

urip iki sejatine kanggo ngamal
donya bandha bakal dadi pengawal
sliramu mbesok ana ing alam kekal

ya, urip iki sejatine kanggo bebrayan
golek sandhang, golek pangan, aja ninggalke iman
adohna drengki, adohna persaingan
adohna permusuhan
adohna sesimprungan

urip iki sejatine ora kena umuk
deduwenan sugih  ora lila kedlumuk
nulungi kanca
sing lagi nista
mung ngemek bathuk
karo manthuk-manthuk
aja maneh aweh
ngutangi dhuwit bae ora sumeh
lha kapan anggonmu arep amal soleh?

urip iki sejatine mung kanggo mawas dhiri
apa bae sing mengkone arep digawa mati
ngadhep Gusti sing nyipta aku kabeh iki

ya, urip iki sejatine kanggo tulung tinulung
ora tega ndeleng kanca nista ora rampung-rampung


karang kobar-paninggaran, desember 2014


Apa Sababe?

kang, apa sababe
sangang wulan lawase
sampeyan lunga nyang perantowan
ora ana warta
ora ana dhuwit kiriman
lha apa sing bisa dakpangan?
Beras kudu diluru
gas kudu dituku
bocah sekolah kudu sangu
listrik kudu dibayar
najan uripe sering petbyar

kang, apa sababe
sangang wulan lawase
sampeyan lunga nyang perantowan
ora ana warta
ora ana layang kiriman
apa sampeyan wis kecanthol wong wadon liyan
nganti lali ngomah
lali bocah

sampeyan ngertiya kang,
saben dina inyong gentawilan
golek upa golek pangan
kanggo nyambung urip anak-anakmu
sing matane katon pathing krethip
ngenteni baline sampeyan

kang, saiki terus terang bae
yen arep mengkene saklawase
mendhing inyong dicere
diterke nyang wong tuwaku
sing melu nyawang wis ora sabe
kajen-paninggaran, 28 -12-2014

Bojomu Selingkuh

mas, bojomu selingkuh
dek wingi digandheng wong lanang aku weruh
malah mau mbengi
ngajak aku menyang hotel
wah, aku kaget ora nyanthel!

bojomu selingkuh, mas
aku matur sampeyan marga melas
kanggo dipikir lan digagas
ben ora siya-siya
anggonmu gentawilan nggoleki upa lan beras
nganti adus keringet ora tuntas-tuntas

mas, bojomu selingkuh
tenan aku kerep weruh
coba sampeyan bali
goleka ngerti
takona tangga tepis miring
mesthi jawabe medhesna kuping
bojomu wis ora pentes maneh disandhing

mas, bojomu selingkuh
luwih saka patang puluh
apa atimu isih kukuh?

paninggaran-pekalongan, 28-12-2014