Aja kandha-kandha,
Yen sliramu lagi nandang asmara
Mengko awak iki bisa cilaka
Yen wong sing nduweni sliramu dadi
ngerti
Terusing duwe sipat lali
Amarga cemburu ana ing sajeroning
ati
Aja kandha-kanha
Yen sliramu lagi nandang asmara
Amarga bocah angon cilik ndesa iki
Uga nandang lara kang padha
Lara asmara
Dhuh, wulan kang tansah kepengin
dak sawang!
Saumpama aku iki srengenge
Pengin aku ngilangna panase geni
Supaya sliramu ora kepanasen
Sadawane dina
Saumpama aku iki ora eling
Yen ing omah iki aku wis duwe kaluwarga
Temtu aku lila, kabeh dak tinggal
lunga
Nuju sliramu ana ing tlatah Jawa
Najan alas ri lan gunung dhuwur
kudu bisa
Dak singkirna, ora apa-apa
Dhuh, wulan kang tansah ayu!
Aja kandha-kandha
Yen sliramu lagi nandang asmara
Amarga lara atimu
Lara atiku uga
Paninggaran-pekalongan, 2008
WULAN
Wulan ing ndhuwur langit kae
durung pecah
cahyane padhang jingglang
nentremke ati sapa bae sing nyawang
Wulan ing nduwur langit kae
Dhuh, endhahe!
Pengin aku nyedhak, nyawel,
ngrangkul, lan ngemuli
Ana ing sajeroning ati
Karoben ra asrep kaya nalika
Kasiram banyu embun lan lumayune
angin gunung
Wulan ing ndhuwur langit kae
Kapan bisa dakduweni
Sanajan namung ana ing alam impi
Saben wengi?
Paninggaran-pekalongan,2008
KANGEN
Wulan,
Durung marem rasane atiku
Anggon nyawang eseme sliramu
Dak rasa namung sakedhep netra
Wulan,
Durung marem rasane
atiku
Anggon mbabar crita
Babagan lara asmara
Wulan,
Pengin rasane atiku iki
Wektu kang namung sadhela mau
Bisa dadi dawa........
Dawa....
Dawa.......
Sewindu malah durung apa-apa!
Paninggaran-pekalongan, 2008
Sore nglangut
Iring-iringan
pelayat
Bareng-bareng
mangkat
Ngeterke
jenazah
Nuju
omah abadi
Kanggo
istirah
Ngadep
ngarso Gusti
Sing
nguwasani kita kabeh iki
Sore
sepi
Godhong
kembang makaman tiba siji-siji
ning bumi
Melu
bela sungkawa kanggo sing mati
Ya
Allah, ya Robi!
Paninggaran-pekalongan,2009
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Silakan masukkan komentar Anda dengan sopan dan tidak berbau SARA.