SELAMAT DATANG DI BLOG GURU BELAJAR MENGARANG

Selasa, 19 Juni 2012

Geguritane Sardono Syarief


LAYANG IKI

layang iki
dak kirim kanggo awakmu,
cah ayu

layang iki tampanana
kanthi ati lega
aja kesusu  nesu

layang iki suweken amplope
wacanen isine
tresepna karepe

layang iki
wacanen tenan
aku ora duwe niat anggawe kapitunan
yen tresnaku  marang  sliramu
wah,……
ora ngapusi
setengah mati
ora karuan!

pekalongan, 25 Mei 2010
                   

KENYA TELU

Kenya  telu
Mloka-mlaku
Liwat ngarep omahku

Kenya  telu
Ngguya-ngguyu
Padha ayu
Siji bu guru
Siji bidhan desa
Siji bu perawat
Padha-padha mbalang mripat

Kenya  telu
Kabeh legan
Durung duwe gandhengan
Bingung aku  nemtukke  pilihan
Bu guru,
Bu perawat,
Apa bu bidhan?

Dhuh biyung!
Kenya pundi ingkang pas kangge sisihan?

Paninggaran, 25 Mei 2010
  
BU GURU

Dudu marga awakmu guru
Jur aku kepencut sliramu
Dudu marga saben sasi
Awakmu nampa gaji
Jur aku mbalang ati

Dudu marga awakmu kenya mbandha
Jur aku muwu tresna

Tenan bu guru
Kepencutku  marang sliramu
Marga solah bawamu
Sing sarwa grapyak sumanak
Akur sumedulur
Sumeh ora dumeh

Tenan bu guru
Aku kepingin
Mbesok sasi wolu
Awakmu arep dakcincin.

Paninggaran, 25  Mei 2010
 
LAYAT

Sore nglangut
Iring-iringan pelayat
Bareng-bareng mangkat
Ngeterke jenazah
Nuju omah abadhi
Kanggo istirah
Ngadhep ngarso Gusti
Sing nguwasani kita kabeh iki

Sore sepi
Godhong kembang makaman tiba siji-siji
 ning bumi
Melu bela sungkawa kanggo sing mati
Ya Allah, ya Robbi!
                                                                                         Paninggaran-Pekalongan,2009
 

AREP MLAYU NGENDI?

Saiki wis  tekan makaman
Sing ndhudhuk luwang wis padha nadhahke tangan
Nyandhak sliramu
Karep nurokke ragamu  ana ing jero
Luwang kono

Saiki wis padha dedonga
Supaya sliramu ngerti  
Yen ing sajerone luwang   kuwi
Sliramu bakal  ditangiake
Gusti kang maha luwih

Sliramu arep ditakoni
Oleh-oleh apa sing digawa bali
Saka alam dunya iki?

La yen kowe arep takon mati?
Iku mung ragamu sing mati
Sing wis ora bakal bisa bali

Sliramu  arep abadhi
 nanggung jawabi
apa sing kokgawa
 nalika urip ing ndonya

Saiki wong-wong sing ngeter kowe wis padha bali
Sliramu ditinggal   dhewe ana kene
La yen kowe wedi ngadhepi
sapa sing bakal nemoni?
Wong-wong kabeh wis ora bisa nulungi!
Arep mlayu ngendi?

Paninggaran, 2009
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Silakan masukkan komentar Anda dengan sopan dan tidak berbau SARA.