SELAMAT DATANG DI BLOG GURU BELAJAR MENGARANG

Jumat, 06 Juli 2012

Geguritane Sardono Syarief



AJA KANDHA-KANDHA

Aja kandha-kandha,
Yen sliramu lagi nandang asmara
Mengko awak iki bisa cilaka
Yen wong sing nduweni sliramu dadi ngerti
Terusing duwe sipat lali
Amarga cemburu ana ing sajeroning ati

Aja kandha-kanha
Yen sliramu lagi nandang asmara
Amarga bocah angon cilik ndesa iki
Uga nandang lara kang padha
Lara asmara

Dhuh, wulan kang tansah kepengin dak sawang!
Saumpama aku iki srengenge
Pengin aku ngilangna panase geni
Supaya sliramu ora kepanasen
Sadawane dina

Saumpama aku iki ora eling
Yen  ing omah iki aku wis duwe kaluwarga
Temtu aku lila, kabeh dak tinggal lunga
Nuju sliramu ana ing tlatah Jawa
Najan alas ri lan gunung dhuwur kudu bisa
Dak singkirna, ora apa-apa

Dhuh, wulan kang tansah ayu!
Aja kandha-kandha
Yen sliramu lagi nandang asmara
Amarga lara atimu
Lara atiku uga
Paninggaran-pekalongan, 2008


WULAN

Wulan ing ndhuwur langit kae
durung pecah
cahyane padhang jingglang
nentremke ati sapa bae sing nyawang

Wulan ing nduwur langit kae
Dhuh, endhahe!
Pengin aku nyedhak, nyawel, ngrangkul, lan ngemuli
Ana ing sajeroning ati
Karoben ra asrep kaya nalika
Kasiram banyu embun lan lumayune angin gunung

Wulan ing ndhuwur langit kae
Kapan bisa dakduweni
Sanajan namung ana ing alam impi
Saben wengi?

Paninggaran-pekalongan,2008


KANGEN

Wulan,
Durung marem rasane atiku
Anggon nyawang eseme sliramu
Dak rasa namung sakedhep netra

Wulan,
Durung  marem rasane atiku
Anggon mbabar crita
Babagan lara asmara

Wulan,
Pengin rasane atiku iki
Wektu kang namung sadhela mau
Bisa dadi dawa........
                                 Dawa....
                                                    Dawa.......
Sewindu malah durung apa-apa!

Paninggaran-pekalongan, 2008
  
LAYAT

Sore nglangut
Iring-iringan pelayat
Bareng-bareng mangkat
Ngeterke jenazah
Nuju omah abadi
Kanggo istirah
Ngadep ngarso Gusti
Sing nguwasani kita kabeh iki

Sore sepi
Godhong kembang makaman tiba siji-siji
 ning bumi
Melu bela sungkawa kanggo sing mati
Ya Allah, ya Robi!
                                                                                         Paninggaran-pekalongan,2009









Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Silakan masukkan komentar Anda dengan sopan dan tidak berbau SARA.